Friday, July 31, 2020

Novel Bahasa Jawa "Tresno Waranggono"

                                                            Tresno Waranggono

“ Theng-theng” swara bel muni, kang tandane wayah bali sekolah. Saiki wis jam setengah 4. Amarga ana les, baline rada sore. Awit pelajaran les diwiwiti, Ira ora konsen sinau merga mikirna Rio kang ora ana ing kelas awit pelajaran les . Kanca-kanca sekelas wis padha bali, kajaba Dika. Bocah loro kuwi padha bingung luru Rio, wis diluru ngubengi sekolahan nanging ora ketemu. Banjur  bali menyang omahe Rio, karo ngeterke tas lan bukune Rio. Dika lan Ira boncengan numpak motor bareng. Ing prapatan dalan Dika lan Ira weruh Rio lungguh ing angkruk panggonangkrong bocah-bocah anom. Banjur Ira lan Dika ngampiri Rio.

 “Yo, Rio kuwe maeng ing ngendi wae, kok ora melu les?” Ira takon karo ngamuk-ngamuk.                         Rio ora mangsuli pitakone Ira, dheweke menengae karo ndiluk nutupi rahine.

“Ditakoni kok meneng, ora mangsuli, kuwe kenapa Yo, Rio?”,sahute Dika karo nyablek bahune Rio.

 “Ngopo ta Dik, Dik, aku iki lagi mumet awakku loro kabeh, wis tah gak usah luru ribut wae”,wangsulane Rio kang isih ndiluk.

 “Kuwe iku ditakoni kok ngono kepiye ta, Yo?”, Ira takon marang Rio.

 Rio banjur mlengok ngeti Ira “Aku meng melu tukaran, kenapa eee?”

 “Rioooo, wis dikandani bola-bali nanging isih wae mbadali, delengngo rahimu bonyok kabeh.”, Ira ngamuk Rio.

“Wis ta ayo do bali, mengko ndang diobati rahimu kuwi, wis sore iki lhoo.”, Dika ngajak bali.

Banjur bocah telu kuwi boncengan numpak motor ropel telu. Rio ing tengah lan Dika sing boncengno. Bocah telu kuwi bali menyang omahe Rio. Ing dalan Ira isih ngomel, ngecues, ngandani Rio supaya ora nglakoni tindakan kang ora becik kuwi.

 “Rio, kuwe saiki wis malih 180°, biyen kuwe iku bocah kang pinter, sregep,manut marang wong tuwo, ora tahu aneh-aneh, nanging saiki wisss-wisss adoh soko tumindak becik, mbok yo ojo suwe-suwe sing lara ati mergo wong tuamu wis pisah. Ngeniki akibate yen kesuen, malah kleru pergaulanmu. Wis tak weni pitutur saben dino, kok mung bungen tuwo (mlebu kuping tengen metu kuping kiwo) ora tau mbuk gugu blass. Aku iki kancamu jog cilik nganti saiki, aku ngerti banget tingkahmu kepiye.”omonge Ira.                                                                                                       

Saben dikandani Ira, Rio mung muni nggahh-nggihh tok, pancen bener mung bungen tuwo, ora digugu Rio blass. Rio ngerti yen konco lorone kuwi pancen perhatian marang dheweke, tur bener sing diomongke Ira, yen dheweke wis malih 180°. Nanging sing dialami Rio saiki mergo atine isih owah, durung isa teteg meneh koyo biyen. Sawise tekan omahe Rio, banjur Ira lan Dika smapah Rio digowo ing kamarre Rio, amarga mlakune Rio rada gloyoran. Ing omah ora ana Bapak-Ibune Rio merga wis pisah, Rio melu Ibune, nanging ibune durung bali saka butik. Banjur Ira cepet-cepet luru obat kanggo ngobati Rio. Ira tlaten banget ngobati Rio. 

Amarga wis konconan awit SMP,saya suwe ing atine Dika tukul rasa tresna marang Ira, kancane dewe. Ira bocahe pancen ayu banget, tur pinter, budi pekertine uga becik. Ora salah yen Dika tresna marang Ira. Nanging Dika ora tau ngomong yen dheweke tresna marang Ira. Rasa tresna kuwi mung dipendem dewe. Weruh yen Ira luwih perhatian marang Rio, atine Dika soyo mangkel. Sidane Dika banjur pamitan marang Rio lan Ira yen dheweke arep bali disek, pas wetenge wis kroncongan sisan.

“Ir, Yo aku arep bali disik yo, wetengku lesu tur wis sore, mengko aku rene meneh marani kuwe Ir”, pamite Dika.

“ Yo, Dik... nanging mengko ibuk lan bapakku kandani yo,.. yen aku ana ing kene”, jawabe Ira. “Ok.Ir....”,jawabe Dika.

“Dik, kuwe mangan ing omahku wae, ing mejo mburi ana panganan akeh, monggo tah ora usah ewoh-ewoh”,Rio nawani Dika.                                                                                                  

Dika wis tambah mongot-mongot atine merga weruh bocah sing ditresnani luwih perhatian marang wong liyo, Dika ora gelem, banjur bali menyang omahe. Saking mangkel atine, Dika numpak motor banter banget karo dibleyer-bleyer ing dalan. Wis mlebu omah ora salam, mlebu kamar, lawang kamar ditutup abane “derrrr”, kabeh barang sak kecekelle di orak-arik, bantal, guling, buku ing mejo diorak-arik. Ibune Dika kang lagi masak ing pawon kaget krungu swara kuwi, banjur metu takok Dika, “Swara opo kuwi nang?”. Ibune wis krungu swara mntore Dika, yen Dika wis teka.

“Mboten nopo-nopo buk.”,wangsulane Dika.

 Dika banjur adus, mangan lan nata atine supoyo ora serik lan mangkel maneh. Dika banjur lungo menyang omahe Ira, matur marang Bapak-Ibune Ira, yen Ira durung bali lan njelaske kabeh.

 “Assalamu’alaikum”,Dika ngucapake salam.

 “Wa’alaikum salam”, jawab ibune Ira.

“Ehhh, kuwe ta Dikk, nang Ira ngendi kok durung bali? Biasane bareng karo kuwe kok nang.”, pitakone Ibune Ira.

“Ira teng daleme Rio bu, niki kula arep matur yen Ira baline rada keri, mangke kula ugi arep menyang daleme Rio arep mundhut Ira.”,wangsulane Dika.           

“Iyo,nang. Ojo bengi-bengi baline yo ,nang ”,pesen Ibune Ira.

“Nggih bu,..,kula pamit rumiyin”,pamitte Dika.

 Ibune Ira ngerti yen, Rio lan Dika kuwi bocah kang becik, dadine dheweke ora kuwatir yen Ira ana ing omahhe Rio, amarga Rio uga kerep dolan lan sinau bareng ing omahhe Ira awit SMP biyen, nanging awit SMA saiki Rio durung tahu sinau bareng maneh ing omahe Ira. Sawise tekan omahhe Rio, Dika weruh yen Ibune Rio wis bali saka butik. Ibune Rio kaget weruh anakke kang rahine bunyak kabeh .

“Nang, kuwe kenapa kok rahimu bunyak kabeh?”,pitakone Ibune Rio.

“Mboten nopo-nopo Buk”, wangsulane Rio. 

“Rio, kala wau bakda tawuran, Bu Yani”, sahute Ira.

“Opo Nang????,kuwe melu tawuran??? Astaghfirullahhaal’adzim, lapo kuwe melu tawuran Nang???, Ibune Rio kaget, lan mituturi Rio.

“Mboten nopo-nopo Buk, mung dolanan mawon,..”, wangsulane Rio.

“Dolana kok  tawuran, ora usah dibaleni meneh yo, Nang!!!”, ngendikane Ibune Rio.

“Nggih Bu,...”, wangsulane Rio karo rada wedi nyawang ibune.

Esuke Rio ora mlebu sekolah amarga dheweke isieh lara. Banjur Rio pesen marang Ira supaya diizinke. Ira banjur nggawe surat izin lan ditumpuk ing kelas. Ing kelas bocah-bocah pada rame ngomongke Rio kang melu tawuran dina Senin wingi. Bocah kang melu tawuran diutus nemoni kepala sekolah. Ira wedi yen Rio diukuum utawa ditokke saka sekolahan. Dheweke kwatir banget, merga Rio ora masuk dheweke saya wedi yen mengko guru bakal moro ing omahe Rio.

“Dik, asline aku wedi yen mengko bapak-ibu guru tindak menyang omahe Rio, mesake ibune Rio ta Dik”, omonge Ira marang Dika.

“Ora-ora Ir,, gak usah kwatir”, jawabe Dika.

“ Rio wis bola-bali meli tawuran, mengko yen gurune wis semelah karo Rio kepriye Dik?”, omonge Ira.                                                                                                                                                          “Wis ta, ora usah dipikir, iku wis tanggung jawabe Rio, merga dheweke wis nglakoni tumindak ala, dadine Rio kudu bisa nanggung akibate”, jawabe Dika.

“Kuwe iku kkepriye ta Dik, karo kancane dhewe kok ngono”, omonge Ira.

“Lha aku kudhu kepriye meneh?”,pitakonne Dika.

“Ya wis karepmu Dik, Dik”, jawabe Ira.

Bali sekolah Ira lan Dika lunga menyang omahe Rio. Bocah loro kuwi arep niliki Rio lan arep kandha yen Rio didhawuhi Bapak Kepala sekolah, diutus ngadhep Kepala Sekolah, yen Rio wis mlebu sekolah.                                                                                                                                          “ Rio kepiye awakmu wis mari?”, pitakone Ira.

“ Durung Ir, nanging wis rada mari”, jawabe Rio.

“ Yo, kuwe diutus ngadhep Kepal sekolah mengko yen wis masuk skeolah”, omonge Dika marang Rio.                                                                                                                                                            “ Tenan Dik? Arep ngopo?”, jawabe rio karo kaget.

“ Ora ngerti aku Yo, menaa kuwe arep ditokke saka sekolahan.”, omonge Dika.

“ Hussst, aja ngomong  ngono ta Dik, mesake Rio, dheweke durung mari tenan mengko yen dheweke tambah lara mergo krungu kabar iki Kekrpiye?” sahute Ira.

“ Aku ngomong jujur malah mbuk amuk, kuwe iku piye ta?”, jawabe Dika.

“ Ya wis, ta Dik sak omong-omongmu wae lahhh”, oomonge Ira karo mangkel.

“ Wis-sis ora usah padha ribut, sing diomongke Dika ana benere kok Ir.., pancen ak kudhu nanggung akibate.”, sahute Rio.

“ Ya wis, Yo aku karo Dika arep bali dhisik”, Ira pamit.

“ Iya Ir....Dik.... matur suwun wis mbuk kandani informasi kuwi”, jawabe Rio.

“ Iya, Yo, Rio....”, omonge Dika.

Banjur Dika lan Ira bali menyang omahe dhewe-dhewe, Ira lan Dika boncengan. Dika ngeterke Ira menyang omahe Ira. Akhire Rio wis masuk sekolah, Rio banjur ngadhep Kepala Sekolah, Bapak Tasiman asmane, ing ruang Kepsek.Thok-thok-thok, suara Rio nuthuk lawang Kepsek.

“ Asslamualaikum,...”, Rio ngucapno salam. 

“ Wa’alaikum salam,.. Monggo lungguh”, wangsulane Pak Tasiman.

“ Inggih Pak”,jawabe Rio.

“ Rio, apa iyo kuwe melu tawuran dina Senin wingi?”, pitakone Pak Tasiman.

“ Nggih Pak”, jawabe Rio.

“ Ngopo kuwe melu tawuran? Wektu les dinggo tawuran, opo kuwe ngerti salahmu apa diutus ngadhep Kepala Sekolah?”, ngendikane Pak Tasiman.

“ Ngertos Pak”, jawabe Rio kang cekak.

” Ngertos apa Rio? Kuwe saiki wis kelas XII, wis gedhe mbok ya sing tata, aja nakal, aja melu-melu tawuran, sing sregep sinau, lan dadi bocah sing duweni tindak tanduk kang becik.”, ngendikane Kepala Sekolah.

“ Nggih Pak,...”, jawabe Rio. 

“ Aja mung nggah-nggih tok, nanging ya uga ditrepno ing prilakuem saben dinane”, ngendikane Pak Tasiman.

“ Nggih Pak, ajeng kula laksanaaken, Insyaallah,...”, jawwabe Rio. 

“ Rio, yen kuwe mbaleni prilaku alamu meneh, sekolah arep ngetokno kuwe saka sekolah, eling kuwi!! Aja anggep iki mung anceman, naning aku menenhi pitutur kuwe supaya bisa dadi bocah kang apik.”, ngendikane Pak Tasiman.

“ Nggih Pak, Insya Allah kula saged ngrubah tindak tanduk kula kang ala, supaya bisa dadi bocah kang duweni pitutur kang becik.”, jawabe Rio.

“ Ya wis, kana bali ing kelas, melu plajaran ing kelas meneh.”, ngendikane Pak Tasiman.

“ Nggih pak,... Assalamu’alaikum.”, pamite Rio. Rio mlaku, arep ing kelas melu plajaran meneh.

Rio diwenehi akeh banget pitutur marang dening Kepala Sekolah. Rio isih diwenehi kesempatan Kepala Sekolah kanggo mbenerno tindak-tanduke, yen dheweke ngulangi utawa ora iso ngrubah tindak tanduke Kepala Sekolah bakal ngetoke Rio saka sekolah. Rio banjur bali ing kelas lan melu pelajaran ing kelas, saben mlaku ing dalan arep mlebu kelase Rio karo ndiluk mikirno uripe kang korak-karik. Rio mulai rada sadar, nanging dheweke isih  bileng lan mumet mikirna uripe saiki. Uripe kaya-kaya wong sing mlaku kesandung krikil cilik kang gawe sikile lumpuh ora isa ngadek meneh. Rio wis tekan kelas, dheweke banjur lungguh ing bangkune, pas kuwi wektune ngaso, dadine ora ana guru ing kelas. Lagi mlebu kelas kanca-kanca sekelase padha mandeng Rio kabeh, Rio langsung melu ngeti kancane, terus kancane ora mandengi Rio meneh. Banjur Rio lungguh ing bangkune lan ndlosor ing meja. Rio ngrasa yen dheweke salah banget. Ira weruh Rio ndlosor, banjur dheweke nyedaki Rio lan nakoni Rio.

“Rio, kuwe kenapa?”, pitakone Ira karo nyekel pundhake Rio.

“ Gak apa-apa Ir,..”, jawabe Rio.

“ Tenane???? Kok kuwe katon lesu, ora semangat blass, kenapa Yo? Ora usah isin ta, crita wae, kuwe maeng saka ruang Kepsek, terus bali-bali kok mrengut ngono, kuwe ora ditokke ta??”, pitakone Ira karo nyeblek pundake Rio.

 

“ Ora Ir, aku maeng diweni pitutur Pak Tasiman, aku isih diweni kesempatan pisan meneh, yen aku mbaleni melu tawuran, aku arep ditokke, ngono maeng ngendikane Pak Tasiman.”, jawabe Rio karo rahi mrengut.

“ Ya wis ta Rio, ngendikane Pak Tasiman kuwi bener, mula kuwe kudu nindakake pituture Pak Tasiman.”, omonge Ira.

“ Iya Ir,.. wis aku janji, aku kudu ngrubah uripku kang peteng iki, aku kudu dadi Rio kang kaya biyen meneh, aku kudu njaluk ngapura marang kabeh wong sing tak gawe lara ati.”, sahute Rio.

“ Janji tenan?? Janji karo awakmu dhewe wae.”, omonge Ira.

“ Iya Ir.. aku janji karo awakku dhewe, mengko tekan omah aku arep nyuwun pngapura karo ibu lan bapakku, uga karo kanca-kanca kabeh, terus karo kuwe barang sing gawene ngandani aku nanging ora tau tak gugu. ” omonge Rio.

“ Wihh-wihh ana sing arep dadi wong apik iki cah?”, Dika nyindir Rio.

“ Insya Allah Dik, dongakno wae muga-muga atiku mantep, lan bisa mbenahi awaku.” Jawabe Rio.

“ Iya Yo, Rio tak dukung usahamu.” Omonge Dika.

“ Matur nuwun ya Dik, Ir kuwe pancen kancaku sing paling ngerti apa sing takalami saiki.”, omonge Rio.

            Asline Dika serik weruh Ira kang banget perhatiane karo Rio. Nanging kanggo Rio balane dhewe Dika tetep sabar ora digawe-gawe rasa serike lan diusahakno supaya rasa kuwi ilang. Dika pancen seneng lan tresna banget karo Ira, nanging kepiye meneh Ira ora tresna karo dheweke. Ira malah tresna karo Rio, amarga saben dina Ira ngomongke Rio terus karo Dika. Dika saya lara ati yen Ira crita ngenani Rio. Dika tahu ngomong

 

           


No comments:

Post a Comment

Novel Bahasa Jawa "Tresno Waranggono"

                                                                           Tresno Waranggono “ Theng-theng” swara bel muni, kang tandane w...