Tresno
Waranggono
“
Theng-theng” swara bel muni, kang tandane wayah bali sekolah. Saiki wis jam
setengah 4. Amarga ana les, baline rada sore. Awit pelajaran les diwiwiti, Ira
ora konsen sinau merga mikirna Rio kang ora ana ing kelas awit pelajaran les . Kanca-kanca
sekelas wis padha bali, kajaba Dika. Bocah loro kuwi padha bingung luru Rio,
wis diluru ngubengi sekolahan nanging ora ketemu. Banjur bali menyang omahe Rio, karo ngeterke tas lan
bukune Rio. Dika lan Ira boncengan numpak motor bareng. Ing prapatan dalan Dika
lan Ira weruh Rio lungguh ing angkruk panggonangkrong bocah-bocah anom. Banjur
Ira lan Dika ngampiri Rio.
“Yo, Rio kuwe maeng ing ngendi wae, kok ora
melu les?” Ira takon karo ngamuk-ngamuk. Rio ora mangsuli
pitakone Ira, dheweke menengae karo ndiluk nutupi rahine.
“Ditakoni kok
meneng, ora mangsuli, kuwe kenapa Yo, Rio?”,sahute Dika karo nyablek bahune
Rio.
“Ngopo ta Dik, Dik, aku iki lagi mumet awakku
loro kabeh, wis tah gak usah luru ribut wae”,wangsulane Rio kang isih ndiluk.
“Kuwe iku ditakoni kok ngono kepiye ta, Yo?”,
Ira takon marang Rio.
Rio banjur mlengok ngeti Ira “Aku meng melu
tukaran, kenapa eee?”
“Rioooo, wis dikandani bola-bali nanging isih
wae mbadali, delengngo rahimu bonyok kabeh.”, Ira ngamuk Rio.
“Wis ta ayo do
bali, mengko ndang diobati rahimu kuwi, wis sore iki lhoo.”, Dika ngajak bali.
Banjur
bocah telu kuwi boncengan numpak motor ropel telu. Rio ing tengah lan Dika sing
boncengno. Bocah telu kuwi bali menyang omahe Rio. Ing dalan Ira isih ngomel,
ngecues, ngandani Rio supaya ora nglakoni tindakan kang ora becik kuwi.
“Rio, kuwe saiki wis malih 180°, biyen kuwe
iku bocah kang pinter, sregep,manut marang wong tuwo, ora tahu aneh-aneh,
nanging saiki wisss-wisss adoh soko tumindak becik, mbok yo ojo suwe-suwe sing
lara ati mergo wong tuamu wis pisah. Ngeniki akibate yen kesuen, malah kleru
pergaulanmu. Wis tak weni pitutur saben dino, kok mung bungen tuwo (mlebu
kuping tengen metu kuping kiwo) ora tau mbuk gugu blass. Aku iki kancamu jog
cilik nganti saiki, aku ngerti banget tingkahmu kepiye.”omonge Ira.
Saben
dikandani Ira, Rio mung muni nggahh-nggihh tok, pancen bener mung bungen tuwo,
ora digugu Rio blass. Rio ngerti yen konco lorone kuwi pancen perhatian marang dheweke,
tur bener sing diomongke Ira, yen dheweke wis malih 180°. Nanging sing dialami
Rio saiki mergo atine isih owah, durung isa teteg meneh koyo biyen. Sawise
tekan omahe Rio, banjur Ira lan Dika smapah Rio digowo ing kamarre Rio, amarga
mlakune Rio rada gloyoran. Ing omah ora ana Bapak-Ibune Rio merga wis pisah,
Rio melu Ibune, nanging ibune durung bali saka butik. Banjur Ira cepet-cepet
luru obat kanggo ngobati Rio. Ira tlaten banget ngobati Rio.
Amarga
wis konconan awit SMP,saya suwe ing atine Dika tukul rasa tresna marang Ira,
kancane dewe. Ira bocahe pancen ayu banget, tur pinter, budi pekertine uga
becik. Ora salah yen Dika tresna marang Ira. Nanging Dika ora tau ngomong yen dheweke
tresna marang Ira. Rasa tresna kuwi mung dipendem dewe. Weruh yen Ira luwih
perhatian marang Rio, atine Dika soyo mangkel. Sidane Dika banjur pamitan
marang Rio lan Ira yen dheweke arep bali disek, pas wetenge wis kroncongan sisan.
“Ir, Yo aku arep
bali disik yo, wetengku lesu tur wis sore, mengko aku rene meneh marani kuwe
Ir”, pamite Dika.
“ Yo, Dik...
nanging mengko ibuk lan bapakku kandani yo,.. yen aku ana ing kene”, jawabe
Ira. “Ok.Ir....”,jawabe Dika.
“Dik, kuwe
mangan ing omahku wae, ing mejo mburi ana panganan akeh, monggo tah ora usah
ewoh-ewoh”,Rio nawani Dika.
Dika
wis tambah mongot-mongot atine merga weruh bocah sing ditresnani luwih
perhatian marang wong liyo, Dika ora gelem, banjur bali menyang omahe. Saking
mangkel atine, Dika numpak motor banter banget karo dibleyer-bleyer ing dalan.
Wis mlebu omah ora salam, mlebu kamar, lawang kamar ditutup abane “derrrr”,
kabeh barang sak kecekelle di orak-arik, bantal, guling, buku ing mejo
diorak-arik. Ibune Dika kang lagi masak ing pawon kaget krungu swara kuwi,
banjur metu takok Dika, “Swara opo kuwi nang?”. Ibune wis krungu swara mntore
Dika, yen Dika wis teka.
“Mboten
nopo-nopo buk.”,wangsulane Dika.
Dika banjur adus, mangan lan nata atine supoyo
ora serik lan mangkel maneh. Dika banjur lungo menyang omahe Ira, matur marang
Bapak-Ibune Ira, yen Ira durung bali lan njelaske kabeh.
“Assalamu’alaikum”,Dika ngucapake salam.
“Wa’alaikum salam”, jawab ibune Ira.
“Ehhh, kuwe ta
Dikk, nang Ira ngendi kok durung bali? Biasane bareng karo kuwe kok nang.”,
pitakone Ibune Ira.
“Ira teng daleme
Rio bu, niki kula arep matur yen Ira baline rada keri, mangke kula ugi arep
menyang daleme Rio arep mundhut Ira.”,wangsulane Dika.
“Iyo,nang. Ojo bengi-bengi
baline yo ,nang ”,pesen Ibune Ira.
“Nggih
bu,..,kula pamit rumiyin”,pamitte Dika.
Ibune Ira ngerti yen, Rio lan Dika kuwi bocah
kang becik, dadine dheweke ora kuwatir yen Ira ana ing omahhe Rio, amarga Rio
uga kerep dolan lan sinau bareng ing omahhe Ira awit SMP biyen, nanging awit
SMA saiki Rio durung tahu sinau bareng maneh ing omahe Ira. Sawise tekan omahhe
Rio, Dika weruh yen Ibune Rio wis bali saka butik. Ibune Rio kaget weruh anakke
kang rahine bunyak kabeh .
“Nang, kuwe kenapa
kok rahimu bunyak kabeh?”,pitakone Ibune Rio.
“Mboten
nopo-nopo Buk”, wangsulane Rio.
“Rio, kala wau
bakda tawuran, Bu Yani”, sahute Ira.
“Opo Nang????,kuwe
melu tawuran??? Astaghfirullahhaal’adzim, lapo kuwe melu tawuran Nang???, Ibune
Rio kaget, lan mituturi Rio.
“Mboten
nopo-nopo Buk, mung dolanan mawon,..”, wangsulane Rio.
“Dolana kok tawuran, ora usah dibaleni meneh yo,
Nang!!!”, ngendikane Ibune Rio.
“Nggih Bu,...”,
wangsulane Rio karo rada wedi nyawang ibune.
Esuke
Rio ora mlebu sekolah amarga dheweke isieh lara. Banjur Rio pesen marang Ira
supaya diizinke. Ira banjur nggawe surat izin lan ditumpuk ing kelas. Ing kelas
bocah-bocah pada rame ngomongke Rio kang melu tawuran dina Senin wingi. Bocah
kang melu tawuran diutus nemoni kepala sekolah. Ira wedi yen Rio diukuum utawa
ditokke saka sekolahan. Dheweke kwatir banget, merga Rio ora masuk dheweke saya
wedi yen mengko guru bakal moro ing omahe Rio.
“Dik, asline aku
wedi yen mengko bapak-ibu guru tindak menyang omahe Rio, mesake ibune Rio ta
Dik”, omonge Ira marang Dika.
“Ora-ora Ir,,
gak usah kwatir”, jawabe Dika.
“ Rio wis
bola-bali meli tawuran, mengko yen gurune wis semelah karo Rio kepriye Dik?”,
omonge Ira. “Wis ta, ora usah dipikir, iku wis
tanggung jawabe Rio, merga dheweke wis nglakoni tumindak ala, dadine Rio kudu
bisa nanggung akibate”, jawabe Dika.
“Kuwe iku
kkepriye ta Dik, karo kancane dhewe kok ngono”, omonge Ira.
“Lha aku kudhu
kepriye meneh?”,pitakonne Dika.
“Ya wis karepmu
Dik, Dik”, jawabe Ira.
Bali
sekolah Ira lan Dika lunga menyang omahe Rio. Bocah loro kuwi arep niliki Rio
lan arep kandha yen Rio didhawuhi Bapak Kepala sekolah, diutus ngadhep Kepala
Sekolah, yen Rio wis mlebu sekolah. “ Rio kepiye awakmu wis mari?”, pitakone Ira.
“ Durung Ir,
nanging wis rada mari”, jawabe Rio.
“ Yo, kuwe
diutus ngadhep Kepal sekolah mengko yen wis masuk skeolah”, omonge Dika marang
Rio. “ Tenan Dik? Arep ngopo?”, jawabe
rio karo kaget.
“ Ora ngerti aku
Yo, menaa kuwe arep ditokke saka sekolahan.”, omonge Dika.
“ Hussst, aja
ngomong ngono ta Dik, mesake Rio, dheweke
durung mari tenan mengko yen dheweke tambah lara mergo krungu kabar iki
Kekrpiye?” sahute Ira.
“ Aku ngomong
jujur malah mbuk amuk, kuwe iku piye ta?”, jawabe Dika.
“ Ya wis, ta Dik
sak omong-omongmu wae lahhh”, oomonge Ira karo mangkel.
“ Wis-sis ora
usah padha ribut, sing diomongke Dika ana benere kok Ir.., pancen ak kudhu nanggung
akibate.”, sahute Rio.
“ Ya wis, Yo aku
karo Dika arep bali dhisik”, Ira pamit.
“ Iya
Ir....Dik.... matur suwun wis mbuk kandani informasi kuwi”, jawabe Rio.
“ Iya, Yo, Rio....”,
omonge Dika.
Banjur
Dika lan Ira bali menyang omahe dhewe-dhewe, Ira lan Dika boncengan. Dika ngeterke
Ira menyang omahe Ira. Akhire Rio wis masuk sekolah, Rio banjur ngadhep Kepala
Sekolah, Bapak Tasiman asmane, ing ruang Kepsek.Thok-thok-thok, suara Rio
nuthuk lawang Kepsek.
“ Asslamualaikum,...”,
Rio ngucapno salam.
“ Wa’alaikum
salam,.. Monggo lungguh”, wangsulane Pak Tasiman.
“ Inggih Pak”,jawabe
Rio.
“ Rio, apa iyo
kuwe melu tawuran dina Senin wingi?”, pitakone Pak Tasiman.
“ Nggih Pak”,
jawabe Rio.
“ Ngopo kuwe
melu tawuran? Wektu les dinggo tawuran, opo kuwe ngerti salahmu apa diutus
ngadhep Kepala Sekolah?”, ngendikane Pak Tasiman.
“ Ngertos Pak”,
jawabe Rio kang cekak.
” Ngertos apa
Rio? Kuwe saiki wis kelas XII, wis gedhe mbok ya sing tata, aja nakal, aja
melu-melu tawuran, sing sregep sinau, lan dadi bocah sing duweni tindak tanduk
kang becik.”, ngendikane Kepala Sekolah.
“ Nggih
Pak,...”, jawabe Rio.
“ Aja mung
nggah-nggih tok, nanging ya uga ditrepno ing prilakuem saben dinane”,
ngendikane Pak Tasiman.
“ Nggih Pak,
ajeng kula laksanaaken, Insyaallah,...”, jawwabe Rio.
“ Rio, yen kuwe
mbaleni prilaku alamu meneh, sekolah arep ngetokno kuwe saka sekolah, eling kuwi!!
Aja anggep iki mung anceman, naning aku menenhi pitutur kuwe supaya bisa dadi
bocah kang apik.”, ngendikane Pak Tasiman.
“ Nggih Pak,
Insya Allah kula saged ngrubah tindak tanduk kula kang ala, supaya bisa dadi
bocah kang duweni pitutur kang becik.”, jawabe Rio.
“ Ya wis, kana
bali ing kelas, melu plajaran ing kelas meneh.”, ngendikane Pak Tasiman.
“ Nggih pak,...
Assalamu’alaikum.”, pamite Rio. Rio mlaku, arep ing kelas melu plajaran meneh.
Rio
diwenehi akeh banget pitutur marang dening Kepala Sekolah. Rio isih diwenehi
kesempatan Kepala Sekolah kanggo mbenerno tindak-tanduke, yen dheweke ngulangi
utawa ora iso ngrubah tindak tanduke Kepala Sekolah bakal ngetoke Rio saka
sekolah. Rio banjur bali ing kelas lan melu pelajaran ing kelas, saben mlaku
ing dalan arep mlebu kelase Rio karo ndiluk mikirno uripe kang korak-karik. Rio
mulai rada sadar, nanging dheweke isih
bileng lan mumet mikirna uripe saiki. Uripe kaya-kaya wong sing mlaku
kesandung krikil cilik kang gawe sikile lumpuh ora isa ngadek meneh. Rio wis
tekan kelas, dheweke banjur lungguh ing bangkune, pas kuwi wektune ngaso,
dadine ora ana guru ing kelas. Lagi mlebu kelas kanca-kanca sekelase padha
mandeng Rio kabeh, Rio langsung melu ngeti kancane, terus kancane ora mandengi
Rio meneh. Banjur Rio lungguh ing bangkune lan ndlosor ing meja. Rio ngrasa yen
dheweke salah banget. Ira weruh Rio ndlosor, banjur dheweke nyedaki Rio lan
nakoni Rio.
“Rio, kuwe kenapa?”,
pitakone Ira karo nyekel pundhake Rio.
“ Gak apa-apa
Ir,..”, jawabe Rio.
“ Tenane???? Kok
kuwe katon lesu, ora semangat blass, kenapa Yo? Ora usah isin ta, crita wae,
kuwe maeng saka ruang Kepsek, terus bali-bali kok mrengut ngono, kuwe ora
ditokke ta??”, pitakone Ira karo nyeblek pundake Rio.
“ Ora Ir, aku
maeng diweni pitutur Pak Tasiman, aku isih diweni kesempatan pisan meneh, yen
aku mbaleni melu tawuran, aku arep ditokke, ngono maeng ngendikane Pak
Tasiman.”, jawabe Rio karo rahi mrengut.
“ Ya wis ta Rio,
ngendikane Pak Tasiman kuwi bener, mula kuwe kudu nindakake pituture Pak
Tasiman.”, omonge Ira.
“ Iya Ir,.. wis
aku janji, aku kudu ngrubah uripku kang peteng iki, aku kudu dadi Rio kang kaya
biyen meneh, aku kudu njaluk ngapura marang kabeh wong sing tak gawe lara
ati.”, sahute Rio.
“ Janji tenan??
Janji karo awakmu dhewe wae.”, omonge Ira.
“ Iya Ir.. aku
janji karo awakku dhewe, mengko tekan omah aku arep nyuwun pngapura karo ibu
lan bapakku, uga karo kanca-kanca kabeh, terus karo kuwe barang sing gawene
ngandani aku nanging ora tau tak gugu. ” omonge Rio.
“ Wihh-wihh ana
sing arep dadi wong apik iki cah?”, Dika nyindir Rio.
“ Insya Allah
Dik, dongakno wae muga-muga atiku mantep, lan bisa mbenahi awaku.” Jawabe Rio.
“ Iya Yo, Rio
tak dukung usahamu.” Omonge Dika.
“ Matur nuwun ya
Dik, Ir kuwe pancen kancaku sing paling ngerti apa sing takalami saiki.”,
omonge Rio.
Asline Dika serik weruh Ira kang
banget perhatiane karo Rio. Nanging kanggo Rio balane dhewe Dika tetep sabar
ora digawe-gawe rasa serike lan diusahakno supaya rasa kuwi ilang. Dika pancen
seneng lan tresna banget karo Ira, nanging kepiye meneh Ira ora tresna karo
dheweke. Ira malah tresna karo Rio, amarga saben dina Ira ngomongke Rio terus karo
Dika. Dika saya lara ati yen Ira crita ngenani Rio. Dika tahu ngomong